Kamis, 19 Mei 2016

GEGURITAN BASA JAWA

GEGURITAN

1.      Gurit anduweni teges : tulisan. Geguritan inggih punika golongane sastra edi (endah) isine yaiku babagan wedharing ati.
2.      Peranganing Geguritan :
a.       Geguritan gagrak lawas
  Migunakake basa jawa kuno; kaperang ing pupuh-pupuh tembang; kawengku dening       guru lagu, guru gatra, lan uga guru wilangan. Geguritan iki klebu golonganing tembang utawa lelagon kang nganggo purwakanthi guru swara.
Paugeran geguritan gagrak lawas , yaiku :
v  Cacahing gatra ora ajeg, lumrahe paling sitik 4 gatra.
v  Cacahing wanda, saben gatrane padha.
v  Dhang-dhing / guru lagu runtut.
v  Ana bebuka “Sun gegurit”
b.      Geguritan gagrak anyar (biyasa kasebut ‘puisi jawa bebas’)
Migunakake basa jawa jaman saiki; ditulis nganggo aksara latin; wis nganggo dluwang; ora kaperang ing pupuh tembang; ora kawengku guru swara, guru gatra, utawa guru wilangan; ora nganggo bebuka “Sun gegurit”.
3.      Prayogane geguritan iku ngemot unsur-unsur, kayata :
a.       Kaendahan (nilai estetis)
v  Pamilihing tembung mentes, nges lan pantes.
v  Nggunakake lelewaning basa.
v  Purwakanthi bisa nambahi endahing swara.
b.      Piwulang / pendhidhikan (nilai edukatif)
Paring patuladhan lan pitutur ingkang sae, migunani kanggo urip ing alam donya
c.       Nuwuhke rasa tresna
Yaiku rasa tresna dhateng sapadha manungsa, lingkungan lan Gusti
d.      Wetah (koheren)
Geguritan kudu wutuh lan nyawiji ing perangan-perangan unsure geguritan, ora bias ngadeg dhewe-dhewe.


SUMBER :
Buku catatan Bahasa Jawa penulis.

TULADHA GEGURITAN

Nglembara ing Wengi
Dening : Eva Rusdiana Dewi, dkk

Wengi sansaya atis
Jangkrik lan kodhok padha nembang
Kahanan wengi kang nyenyet
Pratandha para warga wis mlaku alam impen

      Lintang ing tawang gumebyar anggawe padhang
      Nambah semangat anggonmu mlaku
      Ora tok gagas lungkrahe awakmu anggone makarya mau
Kanggo njaga katentreman desamu

Gubuk cilik iku dadi papan tatamu
Kenthongan ing tangan dadi senjatamu
Ora lali sarung ing pundhak kang dadi tandha tanggung jawabmu
Uruping geni kang dadi pepadhang lakumu

Kabeh tok lakoni kanthi ikhlas
Ora among modhal gumelan
Ora ngarep pawehing liyan
Amarga kabeh prelu kesadharan

Thok… Thok… Thok…
Maling-maling padha lungaa
Lungaa saka desaku
Goleka pakaryan kang luwih migunani tumrape liyan




Mekaten postingan kula ing wanci punika. Matursuwun …

Selasa, 27 Oktober 2015

Cariyos Pengalaman Basa Jawa



PENGALAMAN
Yaiku prastawa ingkang sampun nate kedadosan.
Ciri-ciri cariyos pengalaman:
Ø  Basanipun prasaja lan cetha
Ø  Tembung-tembungipun gampil dipun mangertosi
Ø  Anggenipun cariyos dipunkantheni solah bawa lan polatan mimic
Ø  Obahing salira lan pasuryan kedah luwes
Ø  Wirasa dipunjumbuhaken kaliyan isinipun cariyos (muntab, seneng, sereng)

Tuladha Cariyos Pengalaman
Barang kelap-kelip
Dening : Eva Rusdiana Dewi
Malem Sabtu iku, Tio santé banget. Amarga dhewek’e ora duwe acara apa-apa. Bapak lan Ibune lagi tindakan. Tio mung ndelok TV karo adik’e. Banjur ana suwara “kring-kring. . .kring-kring. . .” Tio lan adik’e ora nggatekake suwara iku , Tio malah nggagas yen suwara iku mung suwara ana ing TV.
Sekitar jam sepuluhan, adik’e Tio uwes mapan turu lan TV ne dipateni. Sabanjure, Tio krungu suwara maneh, “kring-kring. . .kring-kring. . .” Tio wedi lan bingung kudu ngapa. Tio bingung iku suwara apa. Amarga TV ne uwis dipateni. Tio wedi banget, wayah uwis wengi lan Bapak Ibu ne uga durung kondur.
Ana ing ndhuwur meja ana barang kang katon kelap-kelip. Tio san saya wedi. Tio narik kemule rapet-rapet lan ora wani niliki barang apa kang ana ing ndhuwur meja. Nanging suwara iku iseh tetep ana.
Akhire , Bapak lan Ibune Tio kondur. Ibuk e Tio marani Tio sinambi ngendika , “Iki lo hp mu muni kawit mau , kok ora kok angkat?” Banjur Tio takon mangkene, “ Hp kula niki wau wonten pundi Bu?” , “Nang meja” , jawab Ibu.
Saknalika iku Tio lagi reti yen barang kang muni lan kelap-kelip mau jebul hpne dhewe, dudu memedi.



Kadung Klakon
Dening : Eva Rusdiana Dewi
Sawijining dina, Tio diajak Mas Budi lunga menyang Pasar Piyungan.  Tio seneng banget amarga dina iku dina Minggu, pratanda yen Mas Budi lagi wae bar oleh opah anggone nyambut gawe. Mula uwis mesthi yen Mas Budi bakalan mblanjakke Tio.
Sawise tekan Pasar Piyungan, Tio langsung milih-milih katok lan kepilih sing regane Rp100.000,- Nalika iku Mas Budi akon Tio supaya nggunakake dhuwite dhisik,
Banjur Tio lan Mas Budi menyang bengkel, arep nyervisake montor. Tio lan Mas Budi nunggu rada suwe amarga antrene akeh. Sekitar jam 11, montore Mas Budi lekas digarap. Sawise rampung, Mas Budi menyang  kasir arep mbayar opah servis. Nanging Mas Budi njaluk dhuwit Tio dhisik, jarene arep diijoli sawise ana ing ngomah. Saking percayane Tio marang Mas Budi, dheweke langsung maringake dhuwite marang Mas Budi tanpa dipikir-pikir maneh.
Sawise tekan  ngomah, Tio nagih dhuwite marang Mas Budi. Nanging Mas Budi ngomong mangkene, “Lha dhuwit uwis dikenggo yo ora kena dijaluk maneh!”. Waduh-waduh, saknalika iku Tio ngelus dada, amarga ora diblanjakkake Mas Budi nanging malah mbayar opah bengkel montore Mas Budi barang.

Mekaten postingan kula ing wanci punika. Matursuwun …

Rabu, 21 Oktober 2015

Pawarta Basa Jawa



Pawarta
Pawarta inggih menika informasi bab kedadosan  ingkang sampun kelampahan, awujud cetak (kalawarti/majalah, ariwarti/Koran, layang/serat), utawa awujud elektronik (radio, TV, hp). Yen ing Bahasa Indonesia, pawarta yaiku berita.

Ciri-ciri pawarta :
a.       Actual : beritane lagi wae kedadeyan , utawa durung suwe anggone kedadeyan
b.      Factual : nyata, trep kaliyan kedadosan saestunipun
c.       Objektif : kaaturaken kanthi seimbang / mboten mihak
d.      Publisitas : kaaturaken kangge masarakat umum

Sakliyane iku, sajroning pawarta kudu:
  • Ana tanggal lan wektu
  • Ana paraga (bisa wong utawa kewan)
  • Ana papan panggonan
Tuladha Pawarta
Assalamu'alaikum wr. wb.
Sugeng siyang para pamiyarsa, kepanggih malih kaliyan kula wonten ing adicara Pawarta Basa Jawi punika. Pawarta ingkang sepisan inggih punika pawarta babagan kacilakan saking tlatah Bantul. Sumangga kita simak pawartanipun...
Truk Molen Nabrak Dalem



(Eva / 10)


Dereng dangu menika wonten ing dusun Rejosari, Kelurahan Terong, Kecamatan Dlingo, Bantul wonten setunggaling tiyang ingkang nemahi seda. Tiyang menika seda amargi kacilakan wonten ing dronjongan Rejosari. Dereng wonten kalih minggu kedadosan punika, wonten kedadosan truk molen nabrak dalem, rikala dinten Senin sonten kinten-kinten jam setengah wolu ing tanggal 19 Oktober 2015. Wekdal menika wancinipun magersari nembe nindakaken Sholat Isya’.
(Eva / 10)
Miturut katranganipun saksi (Tri,30) , wonten ing salah setunggaling bagian saking truk molen punika wonten ingkang ngedalaken latu. Lajeng saksi punika mambu gandha, lan sajake ingkang mambu punika kampas rem. Lajeng polahe truk molen punika tansaya nggegirisi. Truk molen punika nabrak wit-witan wonten ing pinggir margi, lajeng ngglimpang lan njempalik.
Ing kedadosan punika, wonten setunggaling tiyang ingkang nemahi seda kanthi kahanan ingkang ngenes sanget. Tiyang punika ketindhian tabung lan sukunipun sampun ajur. Kathah ingkang ngendika menawi korban seda inggih menika penuduh sopir truk molen. Menawi sopir truk molen namung nandhang tatu entheng lan dibetha mobil polisi dhateng Kantor Polisi.
Dalem ingkang kenteban lan remuk inggih menika gadhahipun Pak Nardi. Pak Nardi sakaluwarga nalika kedadosan punika nembe wonten ing pawon. Sahengga Pak Nardi sakaluwarga menika wilujeng, namung rada kaget lan jinja. Mboten ngertos menapa-menapa lha kok dalemipun ambruk saknalika. Mangka dalemipun ingkang kenteban truk molen inggih menika lumbung ingkang dipun ginakaken wadah gabah. Dados Pak Nardi punika nandhang kapitunan ingkang kathah sanget.
Sasampunipun wonten kedadosan punika, dalemipun Pak Nardi dirubung tiyang sabendinten. Tiyang-tiyang punika kepingin ngertos kedadosan kahanan saking prastawa truk molen nabrak dalem.
(Eva)


Lajeng pawarta ingkang nomer kalih inggih punika pawarta babagan kabudayan saking tlatah Bantul.


Pengetan Suran Ing Dusun Rejosari

Ing wulan Sura menika, kathah dusun ing Desa Terong ingkang nindakaken tradisi gendhuri. Dusun-dusun kasebat injih punika Rejosari, Pancuran, Dangwesi, Ngenep, lan uga sanes-sanesipun. Umumipun tradisi gendhuri dipun tindakaken saben tanggal 8 utawi 10 Sura kangge mengeti warsa enggal Hijriyah. Biasanipun, gendhuri menika dipun tindakaken khusus para Bapak, ananging ing warsa enggal 1437 Hijriyah menika, dusun Rejosari Rt 2 nindakaken gendhuri ingkang mboten kados padatan. Sedaya warga Rt 2 ing dusun Rejosari kaaturaken mlampah dhateng papan panggenan gendhuri punika. Amargi sanesipun acara tradisi gendhuri, wonten ing titi wanci lan papan panggenan ingkang sami ugi dipun tindakaken pengaosan.
Acara tradisi gendhuri lan pengaosan punika dipun wiwiti kinten-kinten jam setengah wolu. Pengaosan punika ndugekaken ustad saking Ngembes, Gunungkidul. Wonten ing salebeting inti Pengaosan, ustad punika ngandharaken bab wulan Sura kanthi teliti lan cetha, dados warga Rejosari padha ngiras pantes ngangsu kawruh. Ustad punika ugi mimpin amalan-amalan wonten ing ndalu punika. Kinten-kinten jam sanga, acara tradisi gendhuri lan pengaosan wonten ing ndalu punika sampun bibar.
Miturut warga, tradisi gendhuri punika sampun dipun tindakaken saben-saben taun kepungkur, lan ugi badhe ajeng dilestantunaken. Warga pitados, pengetan warsa enggal Hijriyah menika saged maringaken keberkahan kangge warga.
(Eva)



Mekaten wau pawarta ingkang saged kula andharaken, kathah kekirangan lan uga kathah klenta-klentu kula. Kula nyuwun agunging samudra pangaksami. 
Nuwun,
Wassalamu'alaikum. wr.wb.