Rabu, 21 Oktober 2015

Pawarta Basa Jawa



Pawarta
Pawarta inggih menika informasi bab kedadosan  ingkang sampun kelampahan, awujud cetak (kalawarti/majalah, ariwarti/Koran, layang/serat), utawa awujud elektronik (radio, TV, hp). Yen ing Bahasa Indonesia, pawarta yaiku berita.

Ciri-ciri pawarta :
a.       Actual : beritane lagi wae kedadeyan , utawa durung suwe anggone kedadeyan
b.      Factual : nyata, trep kaliyan kedadosan saestunipun
c.       Objektif : kaaturaken kanthi seimbang / mboten mihak
d.      Publisitas : kaaturaken kangge masarakat umum

Sakliyane iku, sajroning pawarta kudu:
  • Ana tanggal lan wektu
  • Ana paraga (bisa wong utawa kewan)
  • Ana papan panggonan
Tuladha Pawarta
Assalamu'alaikum wr. wb.
Sugeng siyang para pamiyarsa, kepanggih malih kaliyan kula wonten ing adicara Pawarta Basa Jawi punika. Pawarta ingkang sepisan inggih punika pawarta babagan kacilakan saking tlatah Bantul. Sumangga kita simak pawartanipun...
Truk Molen Nabrak Dalem



(Eva / 10)


Dereng dangu menika wonten ing dusun Rejosari, Kelurahan Terong, Kecamatan Dlingo, Bantul wonten setunggaling tiyang ingkang nemahi seda. Tiyang menika seda amargi kacilakan wonten ing dronjongan Rejosari. Dereng wonten kalih minggu kedadosan punika, wonten kedadosan truk molen nabrak dalem, rikala dinten Senin sonten kinten-kinten jam setengah wolu ing tanggal 19 Oktober 2015. Wekdal menika wancinipun magersari nembe nindakaken Sholat Isya’.
(Eva / 10)
Miturut katranganipun saksi (Tri,30) , wonten ing salah setunggaling bagian saking truk molen punika wonten ingkang ngedalaken latu. Lajeng saksi punika mambu gandha, lan sajake ingkang mambu punika kampas rem. Lajeng polahe truk molen punika tansaya nggegirisi. Truk molen punika nabrak wit-witan wonten ing pinggir margi, lajeng ngglimpang lan njempalik.
Ing kedadosan punika, wonten setunggaling tiyang ingkang nemahi seda kanthi kahanan ingkang ngenes sanget. Tiyang punika ketindhian tabung lan sukunipun sampun ajur. Kathah ingkang ngendika menawi korban seda inggih menika penuduh sopir truk molen. Menawi sopir truk molen namung nandhang tatu entheng lan dibetha mobil polisi dhateng Kantor Polisi.
Dalem ingkang kenteban lan remuk inggih menika gadhahipun Pak Nardi. Pak Nardi sakaluwarga nalika kedadosan punika nembe wonten ing pawon. Sahengga Pak Nardi sakaluwarga menika wilujeng, namung rada kaget lan jinja. Mboten ngertos menapa-menapa lha kok dalemipun ambruk saknalika. Mangka dalemipun ingkang kenteban truk molen inggih menika lumbung ingkang dipun ginakaken wadah gabah. Dados Pak Nardi punika nandhang kapitunan ingkang kathah sanget.
Sasampunipun wonten kedadosan punika, dalemipun Pak Nardi dirubung tiyang sabendinten. Tiyang-tiyang punika kepingin ngertos kedadosan kahanan saking prastawa truk molen nabrak dalem.
(Eva)


Lajeng pawarta ingkang nomer kalih inggih punika pawarta babagan kabudayan saking tlatah Bantul.


Pengetan Suran Ing Dusun Rejosari

Ing wulan Sura menika, kathah dusun ing Desa Terong ingkang nindakaken tradisi gendhuri. Dusun-dusun kasebat injih punika Rejosari, Pancuran, Dangwesi, Ngenep, lan uga sanes-sanesipun. Umumipun tradisi gendhuri dipun tindakaken saben tanggal 8 utawi 10 Sura kangge mengeti warsa enggal Hijriyah. Biasanipun, gendhuri menika dipun tindakaken khusus para Bapak, ananging ing warsa enggal 1437 Hijriyah menika, dusun Rejosari Rt 2 nindakaken gendhuri ingkang mboten kados padatan. Sedaya warga Rt 2 ing dusun Rejosari kaaturaken mlampah dhateng papan panggenan gendhuri punika. Amargi sanesipun acara tradisi gendhuri, wonten ing titi wanci lan papan panggenan ingkang sami ugi dipun tindakaken pengaosan.
Acara tradisi gendhuri lan pengaosan punika dipun wiwiti kinten-kinten jam setengah wolu. Pengaosan punika ndugekaken ustad saking Ngembes, Gunungkidul. Wonten ing salebeting inti Pengaosan, ustad punika ngandharaken bab wulan Sura kanthi teliti lan cetha, dados warga Rejosari padha ngiras pantes ngangsu kawruh. Ustad punika ugi mimpin amalan-amalan wonten ing ndalu punika. Kinten-kinten jam sanga, acara tradisi gendhuri lan pengaosan wonten ing ndalu punika sampun bibar.
Miturut warga, tradisi gendhuri punika sampun dipun tindakaken saben-saben taun kepungkur, lan ugi badhe ajeng dilestantunaken. Warga pitados, pengetan warsa enggal Hijriyah menika saged maringaken keberkahan kangge warga.
(Eva)



Mekaten wau pawarta ingkang saged kula andharaken, kathah kekirangan lan uga kathah klenta-klentu kula. Kula nyuwun agunging samudra pangaksami. 
Nuwun,
Wassalamu'alaikum. wr.wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar