PENGALAMAN
Yaiku
prastawa ingkang sampun nate kedadosan.
Ciri-ciri
cariyos pengalaman:
Ø
Basanipun prasaja lan cetha
Ø
Tembung-tembungipun gampil dipun mangertosi
Ø
Anggenipun cariyos dipunkantheni solah bawa lan
polatan mimic
Ø
Obahing salira lan pasuryan kedah luwes
Ø
Wirasa dipunjumbuhaken kaliyan isinipun cariyos
(muntab, seneng, sereng)
Tuladha Cariyos
Pengalaman
Barang kelap-kelip
Dening : Eva
Rusdiana Dewi
Malem Sabtu iku, Tio santé banget. Amarga dhewek’e ora duwe
acara apa-apa. Bapak lan Ibune lagi tindakan. Tio mung ndelok TV karo adik’e. Banjur ana suwara “kring-kring. .
.kring-kring. . .” Tio lan
adik’e ora nggatekake suwara iku , Tio
malah nggagas yen suwara iku mung suwara ana ing TV.
Sekitar jam sepuluhan, adik’e Tio uwes mapan turu lan TV ne
dipateni. Sabanjure, Tio
krungu suwara maneh, “kring-kring. . .kring-kring. . .” Tio wedi lan bingung kudu ngapa. Tio bingung iku suwara apa. Amarga
TV ne uwis dipateni. Tio wedi
banget, wayah uwis wengi lan Bapak Ibu ne uga durung kondur.
Ana ing ndhuwur meja ana barang
kang katon kelap-kelip. Tio
san saya wedi. Tio narik kemule rapet-rapet lan ora wani niliki barang apa kang ana ing ndhuwur meja.
Nanging suwara iku iseh tetep ana.
Akhire , Bapak lan Ibune Tio
kondur. Ibuk e Tio
marani Tio sinambi ngendika , “Iki lo hp mu muni kawit mau ,
kok ora kok angkat?” Banjur Tio
takon mangkene, “ Hp kula niki wau wonten pundi Bu?” , “Nang meja” , jawab Ibu.
Saknalika iku Tio
lagi reti yen barang kang muni lan kelap-kelip mau jebul hpne dhewe, dudu
memedi.
Kadung Klakon
Dening : Eva
Rusdiana Dewi
Sawijining
dina, Tio diajak Mas Budi lunga menyang Pasar Piyungan. Tio seneng
banget amarga dina iku dina Minggu, pratanda yen Mas Budi lagi wae bar oleh
opah anggone nyambut gawe. Mula uwis mesthi yen Mas Budi bakalan mblanjakke Tio.
Sawise tekan Pasar Piyungan,
Tio langsung milih-milih katok lan kepilih sing regane Rp100.000,- Nalika iku
Mas Budi akon Tio supaya nggunakake dhuwite dhisik,
Banjur Tio lan Mas Budi
menyang bengkel, arep nyervisake montor. Tio lan Mas Budi nunggu rada suwe
amarga antrene akeh. Sekitar jam 11, montore Mas Budi lekas digarap. Sawise
rampung, Mas Budi menyang kasir arep
mbayar opah servis. Nanging Mas Budi njaluk dhuwit Tio dhisik, jarene arep
diijoli sawise ana ing ngomah. Saking percayane Tio marang Mas Budi, dheweke
langsung maringake dhuwite marang Mas Budi tanpa dipikir-pikir maneh.
Sawise tekan ngomah, Tio nagih dhuwite marang Mas Budi.
Nanging Mas Budi ngomong mangkene, “Lha dhuwit uwis dikenggo yo ora kena
dijaluk maneh!”. Waduh-waduh, saknalika iku Tio ngelus dada, amarga ora
diblanjakkake Mas Budi nanging malah mbayar opah bengkel montore Mas Budi
barang.
Mekaten postingan kula ing wanci punika. Matursuwun …
Mekaten postingan kula ing wanci punika. Matursuwun …