GEGURITAN
1.
Gurit anduweni teges : tulisan.
Geguritan inggih punika golongane sastra edi (endah) isine yaiku babagan
wedharing ati.
2.
Peranganing Geguritan :
a.
Geguritan gagrak lawas
Migunakake
basa jawa kuno; kaperang ing pupuh-pupuh tembang; kawengku dening guru lagu,
guru gatra, lan uga guru wilangan. Geguritan iki klebu golonganing tembang
utawa lelagon kang nganggo purwakanthi guru swara.
Paugeran
geguritan gagrak lawas , yaiku :
v Cacahing
gatra ora ajeg, lumrahe paling sitik 4 gatra.
v Cacahing
wanda, saben gatrane padha.
v Dhang-dhing
/ guru lagu runtut.
v Ana
bebuka “Sun gegurit”
b.
Geguritan gagrak anyar (biyasa kasebut
‘puisi jawa bebas’)
Migunakake
basa jawa jaman saiki; ditulis nganggo aksara latin; wis nganggo dluwang; ora
kaperang ing pupuh tembang; ora kawengku guru swara, guru gatra, utawa guru
wilangan; ora nganggo bebuka “Sun gegurit”.
3.
Prayogane geguritan iku ngemot
unsur-unsur, kayata :
a.
Kaendahan (nilai estetis)
v Pamilihing
tembung mentes, nges lan pantes.
v Nggunakake
lelewaning basa.
v Purwakanthi
bisa nambahi endahing swara.
b.
Piwulang / pendhidhikan (nilai edukatif)
Paring
patuladhan lan pitutur ingkang sae, migunani kanggo urip ing alam donya
c. Nuwuhke
rasa tresna
Yaiku rasa
tresna dhateng sapadha manungsa, lingkungan lan Gusti
d. Wetah
(koheren)
Geguritan kudu
wutuh lan nyawiji ing perangan-perangan unsure geguritan, ora bias ngadeg
dhewe-dhewe.
SUMBER
:
Buku
catatan Bahasa Jawa penulis.
TULADHA GEGURITAN
Nglembara ing
Wengi
Dening : Eva
Rusdiana Dewi, dkk
Wengi sansaya atis
Jangkrik lan kodhok padha nembang
Kahanan wengi kang nyenyet
Pratandha para warga wis mlaku alam impen
Lintang
ing tawang gumebyar anggawe padhang
Nambah
semangat anggonmu mlaku
Ora tok
gagas lungkrahe awakmu anggone makarya mau
Kanggo njaga katentreman desamu
Gubuk cilik iku dadi
papan tatamu
Kenthongan ing tangan
dadi senjatamu
Ora lali sarung ing
pundhak kang dadi tandha tanggung jawabmu
Uruping geni kang dadi
pepadhang lakumu
Kabeh tok lakoni kanthi ikhlas
Ora among modhal gumelan
Ora ngarep pawehing liyan
Amarga kabeh prelu kesadharan
Thok… Thok… Thok…
Maling-maling padha lungaa
Lungaa saka desaku
Goleka pakaryan kang luwih migunani tumrape liyan
Mekaten
postingan kula ing wanci punika. Matursuwun …